Ujian Praktik Bahasa Jawa
Materi Basa Jawa
1. BUSANA JAWA
Ajining dhiri gumantung kedaling lathi, ajining sarira mapan ana ing busana. Ngono iku unen-unen Jawa supaya wong Jawa ngati-ati anggone padha muna-muni lan ngetrepke busana utawa pakean. Kalodhangan iki ayo padha ngerembug teks kang nndheskripsikake babagan busana Jawa. Busana kejawen kang genep mungguhe wong lanang dumadi saka wolong werna. Wolong werna iku urut saka dhuwur : Blangkon, beskap, keris, cindhe, tagen, epek, timang, jarik, lan selop.
A. Maca lan nemokakeisine teks dheskripsi babagan busana Jawa
Kaya kang wes tau dirembug, kang sinebut teks dheskripsi iku teks kang digunakake kanggo njlentrehke samubarang kanthi nerangake katerangan kang katon. Ing kadodhangan iki, samubarang kang wes dikarepake wujude busana adat Jawa. Teks dheskripsi babagan busana Jawa iki bisa njlentrehake apa, sapa, piye, kapan, lan sapanunggale
Supaya bisa manehi panemu tumrap kang kowaca, sajrone maca teks dheskripsi para siswa kudu nemokake apa isisne kang buku saka wacan. Kajaba iku uga kudu bisa nitik lan mbedakake tembung-tembung kang digunakake, tembung-tembunge ngoko apa krama
B. Nanggapi pokok-pokok isine teks dheskripsi babagan busana Jawa
Lumantar maca teks dheskripsi ngenani busana Jawa para siswa bisa nemokake tuntunan luhur yen sejatine nyandhang ngaggo iku ora sakpenake dhewe. Akeh piwulangan kang maune durug kogreti saiki dadi ngerti.
Tuladha teks dheskripsi Busana Jawa
BUSANA ADAT JAWA
Basana kejawen mungguhe wong lanang iku dumadi saka wolung werno, yaiku : blangkon utawa dhestar, beskap utawa atela, sabuk utawa setagen, keris, cindhe utawa sindur, epek, timang, jarik utawa nyamping, lan selop.
Blangkon lan keris iku siji lan sijine ana perangane dhewe-dhewe. Perangan blangkon ana pitung werno, yaiku mathak, kemodho, wiron, cungkeng, mendholan, ubet utawa kupon lan kucung. Dene keris kang uga diarani dhuwung utawa wangkingan utawa curiga dumadi saka pitung perangan uga. Pitung perangane keris iku jenenge ukiran, mendhak, rangka, godhong, wilah/katga/parung/pendhok,lan ganja.
C. Nulis teks dheskripsi babagan busana Jawa kanthi ragam basa kontekstual
Ing nduwur sampun diterngake menawa teks dheskripsi iku digunakakee kanggo njlentrehake samubarang kanthi nerangake ciri-ciri kang katon. Titkane teks dheskripsi yauiku tatanane(strukture) ana katrangan bab kang didheskripsikake lan perangan kang didheskripsekake, tuladhane kaya ing ngisor iki.
Bab kang didheskripsekake
Busana kejawen mungguhe wong lanang iku dumadi saka wolung werna, yaiku : blangkon utawa dhestar, baskap utawa atela, sabuk utawa setagen, keris, cindhe utawa sindur, epek, timang, jarik utawa nyamping, lan selop
Perangan kang didheskripsikake
Blangkon lan keris iku siji lan sijine ana peranganne dhewe-dhewe. Perangan blangkon ana pitung werna, yaiku mathak, komodho, wiron, cungkeng, mondholan, ubet utawa kupon, lan kuncung. Dene keris kang uga diarani dhuwung utawa wangkiran utawa curiga dumadi saka pitung perangan uga. Pitung perangan keris iku jenenge ukiran, mendhak,rangka, godhong, wilah/katga/parung, pendhok, lan ganja.
D. Maca teks dheskripsi babagan busana Jawa kanthi nyuwara
Maca kanthi nyuwara iku maca kang ditujokake marang wong liya. Amarga ditujokake marang wong liya kang ngerungokake, mula sapa wae kang maca kanthi: swara kang cukup, kedal kang cetha, lan unjal napas kang pener. Menawa anggone maca adu arep karo kang ngerungokake (kayata ing telavisi), kejaba perkara telu mau katambah pamulad kang nyumadulur (komunikatif).
Swara kang cukup tegese kang ngerungokake bis krungu kanthi cetha lan kepenak,ora keseron ya ora kelirihen. Kang dikarepke kedal kang cetha iku swarane tembung siji lan sijine kudu cetha bedanne swarane /d/,/dh/,/t/,/a/,/o/,/u/, lan liya-liyanne kudu cetha. Unjal napas iku yen ing basa Indonesia diarani tempo lan penjedaan. Tempo iku gegayutan karo alon- rindhike anggone maca, dena penjedaan iku gegayutan karo titik utawa komane anggone maca.
Sumber = Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII
SMA/SMK/MA
2. SERAT WEDHATAMA PUPUH POCUNG
Serat Wedhatama anggitane KGPAA Mangkunegara IV kajaba ngemot pupuh pangkur lan pupuh sinom uga ngemot pupuh pocung. Pupuh pocung mujudake pupuh kang kaping telu, isine 15 pada.
A. Maca an nanggapi teks Serat Wedhatama pupuh pocung lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru wicalan.
Pocung
Ngelmu iku, kalakone kanthi laku,
Lekase lawan kas,
Tegese kas nyantosani,
Setya budya pangekese dur angkara.
- Pupuh pocung ing Serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 15 pada(bait), wiwit saka tembung 'Ngelmu iku' tekan tembung 'angkara'.
- Guru gatra saben sapada tembang Pocung wonten 4.
- Guru lagu tembang pocung yaiku u, a, i, a.
- Guru wicalan tembang pocung yaiku 12, 6, 8, 12.
- Supaya gampang dieling-eling, guru wilangan, lan guru lagune tembang pocung, biasane ditulis 12u, 6a, 8i, 12a.
B. Nemokake tuntunan ing Serat Wedhatama pupuh Pocung lan njumbuhake karo kahanane bebrayan.
Pocung
Ilmu itu, dapat tercapai melalui usaha,
Diawali dengan kas
Arti kas memberi daya
Setia pada budaya untuk menumpas angkara murka.
Pada iki mung salah siji saka 15 pada ing pupuh Pocung Serat Wedhatama. Saka pada ingkang sampun dimaknakake dados basa indonesia mau bisa ditemokake tuntunan ing urip, umpamane :
- Manungsa kudu duwe ngilmu kanthi cara ngudi/usaha.
- Anggone usaha diwiwiti kanthi kas.
- Kang dikarepake kas yaiku ana daya kang njalari kuwat lan santosa
- Santosa kanthi setya marang budaya kanggo mbentengi tuwuh lan wekare patrap angkara murka.
C. Mbedhah perangane Serat Wedhatama pupuh Pocung.
Kados ingkang diandharake lebet ngajeng, sekar pocung menika dibangun dening larikan-larikan ingkang disebutani guru gatra cacahe wonten sekawan gatra. Wiwit gatra sesekali ngantos gatra sekawan sedaya wonten aturan. Trapsila punika saged kagem gondhelan rikala melangka tembung Pocung. Menawi melangka sekar Pocung mboten lagune sekar pocung kados ngandap menika
Ngel/mu/i/ku/ka/la/ko/ne/kan/thi/la/ku/ 12u
Le/kas/e/la/wan/kas/ 8a
Te/ges/e/kas/nyan/to/sa/ni/ 8i
Se/tya/bu/dya/pa/nge/kes/e/dur/ang/ka/ra/ 12a
D. Nulis cakepan tembang Pocung.
Nulis tembang Pocung menika kedah ndherek trapsila ingkang gumathok kang disebutake lebet ndhuwur wau.Trapsila ingkang gumanthok punika guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Supados saged nulis cakepan sekar Pocung, wiwitana kanthi gawe ukara bebas. Ukara bebas mau banjur dicocogake guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune.
Carane nyocogake bisa kanthi ngowahi tembung-tembunge, mbuwang tembung-tembung kang ora pati penting, utawa ngijolake papane tembung (aliterasi). Cara-cara iku upamane:purwakanthi swara, purwakanthi sastra, yogyaswara, baliswara, dasanama, tembung saroja, lan sapanunggale.
Tuladha:
-Supaya negara kukuh budaya kudu utuh. 12u Karben kukuh, budaya bangsane wutuh,
-Utuh, tuwuh, lestari, lan ngrembaka. 6a Tuwuh lan ngrembaka,
-Mulane budaya jawa kudu diuri-uri. 8i Dijaga murih lestari.
-Supaya ora ketindhihan budaya manca. 12a Supaya ora kelindhih budaya manca.
Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA
3. CRITA RAKYAT
Crita Rakyat yaiku crita kang diceritakake kanthi turun-temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan,utawa pinangka crita pemancing impen, lan sapiturute. Tumraping bocah-bocah, crita rakyat uga bisa migunani pinangka pendhidikan budi pekerti, amarga budi pekerti luhur tumrap bocah-bocah. Crita rakyat duwe unsur-unsur pembangun, kaya tema, tokoh utawa penokohan, latar (setting), alur (plot), sudhut pandhang, lan amanat.
Tema yaiku pokok permasalahan ing sajroning crita. Saben crita rakyat duwe tema kang gumathok supaya gampang diwaca. Latar (setting) yaiku panggonan, wektu, lan suwasana kedadeyan ing sajroning crita. Penokohan yaiku paraga kang nduweni watak ing sajroning crita. Alur yaiku urut-urutane prastawa ing crita. Sudhut pandang yaiku cara pandhang panganggit tumrap crita kang dianggit awujud wong kapisan, wong kapindho, utawa wong katelu. Amanat yaiku pesen kang diaturaken dening panganggit marang wong kang maca.
Crita rakyat ngemu piwulang utawa nilai-nilai, antarane yaiku nilai budaya kang nduweni gegayutan karo pamikiran, kabisan, lan karya cipta manungsa, nilai sosial kang nduweni gegayutan karo tata laku antaraning manungsa nduweni sapadha, lan nilai moral kang duweni gegayutan karo tumindak apik lan elek kang dadi dhasare kauripan manungsa lan masyarakate.
● Titikane Crita Rakyat
a. Panyebarane kanthi lesan
b. Duweni sipat tradisional
c. Sugih cakrik lan variasi
d. Jenenge pangripta ora konangan (anonim yaiku crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit).
e. Wangune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapan.
● Mupangate crita rakyat yaiku :
a. Mupangat rekreatif yaiku menehi rasa tentrem, seneng uga menehi hiburan.
b. Mupangat dedaktif yaiku ndhidik para kang maca amarga nilai-nilai kabeneran lan kaapikan kang ana ing sajroning crita
c. Mupangat estetis yaiku manehi nilai-nilai kaendahan.
d. Mupangat moralitas yaiku ngemu nilai moral kang dhuwur saengga para kang maca bisa mangerti moral kang apik lan elek
● Unsur Crita Rakyat
Crita rakyatnduweni unsur intrinsik kayata :
a. Tema yaiku ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari lakuning crita.
b. Latar yaiku latar belakang kang mbantu cethaning laku crita kang ngempt wektu papan panggonan pan suasana.
c. Paraga yaiku paraga sajroning crita. Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindak, ciri isike, lingkungane, lan sapangunggale.
d. Alur yaiku rerangkening prastawa ing sajroning crita.
e. Amanat yaiku pesan kang ana ing crita.
f. Sudut pandang yaiku nyritakake tokoh, barang, papan, lan sapanunggale.
g. Konflik yaiku perkara kang dadi punjere crita.
● Wujude crita rakyat miturut Willian R. Bascom ana telung golongan yaiku
a. Mitos
Mitos yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadean. Kedadeyan ing alam dharatan, segara utawa langit, tuladhane crita Nyi Rara Kidul, Nyi Lanjar.
b. Legendha
Legendha yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan, biyasane crita mau ana petilasan arupa wetu, gunung kali, lan sapangunggale. Thuladhane crita Baru Klinting, Kwah Sikidang, Sumur Jalatundha, Rara Jonggrang.
c. Dongeng
Dongeng yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladhane Kancil Nyolong Timun, Keong Mas, Luting Kesarung, lan sapangunggale
Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2
Kelas XI SMA/SMK/MA
4. Geguritan
Geguritan iku puisi Jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan suarane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa wae.
A. Maca Lan Nanggapi Isine Teks Geguritan Sarta Niteni Perangan-peranganane
Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki.
1. Maca kanthi premati, yen prelu dibolan-baleni
2. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sigeg (//)
3. Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite
4. Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, Utawa lambang.
5. Tambahana tembung utawa wanda saengga. ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.
Menawa cara-cara kasebut wis kalakoni, mesti bisa kotemokake isine geguritan. Kanthi mentes, apik, endah, mengkono, para siswa banjur bisa menehi panemu. Panemu iku bisa setuju (sarujuk), bisa ora setuju, bisa nyengkuyung lan bisa uga menehi panemu kang sipate kosok Balen (berlawanan).
Apa Bedane
dening Sudi Yatmono
Apa Bedane prosa karo puisi
bedane ana ati
apa bedane ati karo gori
bedane mung prakara bumbune
bedane apa bumbune karo sing dibumboni
bedane rak mung ana ing wadhah
apa bedane wadhah karo sing diwadhahi
kuwi rak mung akal pokal gaweane manungsa
lha apa bedane manungsa karo kewan
ah iku urusane Pangeran
B. Nemokake Tuntutan Kang Dikandhut Ing Teks Geguritan Lan Njumbuhake Karo Kahanane Bebrayan
Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kang gambarake rasa bungah, rasa sedih, nggrantes, utawa malah nggambarake rasa serik kang kepati-pati marang kahanan. Mula saka iku, lumantar geguritan pamaca bisa nemokake tuntunan kang gegayutan karo kahanan.
C. Nulis Geguritan Nggunakake Ragam Basa Kang Jumbuh Utawa Cocog Karo Konteks Lan Pranatan Utawa Aturan
Kaya kacetha ing ngarep menawa nulis Geguritan iku merdika. Supaya ana gondhelan, prelu kogatekake bab-bab kaya mengkene.
1. Ora kaiket dening aturan Utawa Pranatan guru Gatra, guru wilangan, guru lagu, lan sapanumengkene
2. Ngutamakake isi kang mentes, apik, endah, lan becik.
3. Bisa nggunakake lelewane basa (purwakanthi, baliswara, saroja, entar, kan sapanunggale).
4. Isine bisa pitutur, piweling, kritik, protes, nyindir, nggresah, pamundhut, lan sapanunggale.
Sumber: gegaran nyinau Basa Jawa 3 kelas XII SMA/SMK/MA
5. Iklan
Ing jaman kemajuan wong mbutuhake informasi kang awujud pawarta utawa liyanne kalebu iklan. Awit saka akehe iklan wong nganti bingung dhewe arep milih sing endi ana jenis iklan kang becik lan kurang becik. Tegese iklan becik iku bisa aweh pitulungan, ngenthengake bot repote bebrayan. Dene iklan kang lurang prayoga iku iklan kang kayane ngentheng-ngenthengake sanggan ananging nyatane sewalike malah nekek gulu.
Ing jaman kang sarwa modern iki bisa ditemoni ing sadhengah papan panggonan. Ora mung mligi ing spanduk, pamflet, koran, ananging radio, tv, internet uga wis akeh kagunakake kanggo masang iklan. Salah sijine titikanne iklan kang becik iku bisa dideleng saka bahasane. Basa iklan kang becik ing basa kang gampang dingerteni dening pemaos utawa pamirsa. Mula ora mokal ing jawa iki uga akeh tinemu iklan kang migunakake basa jawa. Ancase ora liya supaya wong kang ana ing jawa iki bisa mangerteni kanthi gamblang isine iklan kasebut. Saliyanne saka basa kang gampang dimangerteni iklan iku uga kudu cekak, aos, cetha, lan menthes. Ora ngambra-ambra mundhak marake bingung sing maca utawa sing krungu. Mula pamilihing basa kang trep iku uga nenthokake bobote iklan. Pamilihing basa iku bisa awujud slogan kang gampang dieling-eling dening bebrayan.
A. Ngerembug Teks Iklan
Iklan iku mujudake kabar utawa pesen kanggo njurung utawa mbujuk marang bebrayan supaya tuku utawa nggunakake barang kang ditawarkake. Lumantar medhiane iklan iku bisa kagolong dadi loro yaiku iklan lisan lan iklan tulis. Iklan tulis bisa awujud pamflet, poster, baliho, bisa uga kacithak ing ariwarti utawa kalawarti. Dene iklan lisan padatan kagiyaran lumantar medhia elektronik kayate TV lan radhio.
Titikane iklan kang becik yaiku jujur, obyrktif, cetha, ringkes, tembunge prasaja, gampang dimangerteni, narik kawigaten, sopan, lan logis. Dene unsur-unsur iklan ing antarane yaiku :
● jeneng barang utawa jasa kang ditawakake,
● pihak utawa pawongan kang masang,
● alamate sing masang
● kahanan sarta manfaat barang utawa jasa. kang ditawakake.
Basa teks iklan iku beda karo basa teks- teks liyanne. Titikane basa iklan yaiku :
● migunakake slogan,
● ukurane persuasi utawa mbujuk wong liya,
● migunakake subjek wong kapisan.
B. Nulis teks Iklan
Iklan dibutuhake supaya wong liya ngerti barang sing ditawakake. Carane nggawe iklan sing apik kudu nggatekake babagan ing ngisor iki yaiku :
- sing dituju kudu cetha,
- sing ngirim kudu cetha,
- barang utawa jasa sing ditawake kudu cetha,
- narik kawigaten sing maca
- nuwuhake rasa pengin tuku saka sing maca,
- nuwuhake rasa pengin nduweni barang sing ditawakake,
- bisa nggawe sing maca tuku barang sing ditawakake,
- nggunakake slogan utawa sesanti kang gampang ditampa lan dieling-eling.
C. Carane nulis iklan
- temtokana ancase iklan,
- gawe cengkorongan kan dumadi saka unsur-unsur pawarta,
- ngrembakake cengkorongan dadi iklan kang wutuh ngaggo basa kang prasaja, cekak, mentes, cetha, sopan uga narik kawigaten
D. Nyuguhake teks Iklan
Maca teks iklan tegese menehake informasi marang wong liya. Supaya isine bisa ditampa kanthi wutuh dening pamireng, becike ngatekake babagan ing ngisor iki :
- paham isine iklan. Kalebu basa, uga pangucape tembung kang rinakit ing teks iklan.
- swara sarta pangucaping tembung kudu cetha lan trep.
- menawa awujud pacelaton kudu njumbuhake karakter paraga kang digambarake.
Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA.
Komentar
Sangat bagus